Jumat, 08 November 2013

Tembung Andhahan

1.      Tembung Andhahan
Tembung andhahan inggih menika tembung ingkang sampun ewah saking asalipun. Tembung andhahan kadadosan saking tembung lingga ingkang pikantuk imbuhan utawi tembung lingga ingkang sampun dipunrimbag. Imbuhanipun (afiks) wonten 4 (sekawan), inggih menika : (a) ater-ater (awalan,  prefiks), seselan (sisipan, infiks), panambang (akhiran, sufiks), dan imbuhan sesarengan (konfiks).

a.      Ater-ater utawi Imbuhan wonten Ngajeng
Inggih menika imbuhan ingkang mapan wonten sangajengipun tembung lingga. Ater-ater ing basa Jawi menika menawi kaperang wonten 14 (sekawan welas) inggih menika ater-ater : (a) a-, (b) ma-/mer-, (c) ma-(N), (d) anuswara, (e) tripurusa, (f) ka-, (g) ke-, (h) pa-, (i) pi-, (j) pra-, (k) pri-, (l) tar-, (m) sa-, (n) kuma-, kapi-, kami-.
a)      Ater-ater a-
Ater-ater sinebat rimbag bawa ha, ing basa Indonesia sami kalihan prefik ber-.
Tuladha :  Sapi menika kewan ingkang asikil sekawan
    Latu menika asipat benter lan padhang
    Jangkrik menika asungut kalih
Ater-ater a- menawi tumempel tembung ingkang wiwitanipun i utawi u, suwanten a ewah utawi luluh dados e utawi u.
Tuladha :  Tape goreng menika enak sanget
                 (enak = a + inak)
                 Pathok menika radi ogak
                 (ogak = a + ugak)
b)      Ater-ater ma-/mer-
Ater-ater ma-/mer- sinebat rimbag bawa ha, ing basa Indonesia sami kalihan prefik ber-.
Tuladha :  Siswanta remen maguru
     Bapak remen makarya wonten sabin
     Amir nembe mertamba wonten Jakarta
     Eyang kakung nembe mertamba woten Banten
c)      Ater-ater ma- (hanuswara)
Ater-ater ma- (hanuswara) adhakanipun malih dados man-, mam-, many-, mang-, gumantung aksara wiwitanipun tembung lan ater-ater ma- (hanuswara); ginanipun saged damel tembung kriya.
Tuladha :  Tiyang-tiyang nembe sami manembah Pangeran
                 Sutarto tindak mangidul
                 Bathara Wisnu manjelma wonten ngarcapada
                 Adhiku mlaku mangetan dumugi Ngawi
                 Amir manyidhuk banyu wonten sendhang
d)      Ater-ater Anuswara/Hanuswara
Anuswara utawi swantening grana (nasal), kangge damel tembung tanduk (aktif). Ater-ater anuswara cacahipun wonten 4 (sekawan), inggih menika :
an-/n- (han-)
=
Menawi purwanipun tembung t, th, d, dh
Tuladha   : nabok, nuthuk, ndamu, ndhodhok
am-/m-(ham)
=
Menawi kapanggih wiwitaning tembung b, p, w
Tuladha     : mbengok, mlaku, madul
any-/ny-(hany-)
=
Menawi purwanipun tembung j, c, s
Tuladha    :  nyaring, nyukur, nyapu
ang-/ng-(hang-)
=
Menawi purwanipun a, k, g, r, l
Tuladha     :  ngadhuk, ngokop, nggoreng, ngrokok, ngluyur
Rimbagipun aran rimbag tanduk, ukaranipun aran ukara tanduk.
Pathokanipun :

                                                 +                        =

Tembung tanduk = tembung kriya wantah, pramila saged mratelakaken solah tingkah utawa nindakakenpakaryan.
Tuladha :  Parjono menthung sawer
                Hardono natah kayu
                Sutarmi nyuwek godhong gedhang
                Adhik ngarang tembang Jawa
e)      Ater-ater Tripurusa (Tanggap)
Inggih menika ater-ater dak- (tak-), kok- (ko-), di-. Dipunwastani tripurusa jalaran magepokan kaliyan tembung sesulih (kata ganti orang), wong kapisan/ tiyang kapisan (aku, kula: dak-/tak-); tiyang kapindho/ kaping kalih (kowe, panjenengan: kok-/ko-); saha tiyang katelu/ kaping tiga (dheweke, piyambakipun: di-/dipun-)
Pathokan :

                                             +                        =

Tembung purusa  = person
Aku            = tembung sesulih utama purusa (dak-/tak-)
Kowe          = tembung sesulih madyama purusa (kok-/ko-)
Dheweke    = tembung sesulih pratama purusa (di-)
Tuladha : Buku iki daktuku/ taktuku selawe ewu rupiah
                Wedang kopi iku lagi dakombe telung sendhok
                Bukune wis dakwaca/ takwaca nganti rampung
                Topi iki sida koksilih/ kosilih  apa ora?
                Jeruk iki koktuku pira?
                Klasane wis koklempit durung?
                Surat Kabar iku diwaca wong akeh
                Sirahku dicukur gundhul
                Tanganku loro dibanda dadi siji
Cathetan :
(1)         Ater-ater tripurusa (dak-/tak-, kok-/ko-, di-/dipun-) menawi tumempel tembung sanes, kaserat satembung lan dipun-gandheng.
(2)         Ing basa krama, ater-ater (dak-/tak-) dipunkramakaken dados: kula, dalem, abdidalem; lan panyeratipun pisah boten dipun-gandheng.
(3)       a. Ater-ater (kok-) sakawit asalipun saking ko- wandanipun tembung kowe
b. Ing basa krama, ater-ater (kok-/ko-) dipunkramakaken dados: sampeyan, panjenengan, paduka; lan panyeratipun pisah kalihan tembung lingganipun.
(4)         Ing basa krama, ater-ater (di-) dipunkramakaken (dipun-) lan penyeratipun manunggal utawi dipun-gandheng.
(5)         Ater-ater di- (dipun-) sami kalihan ater-ater ka-; ater-ater di- (kangge ing ukara ngoko), dene ater-ater dipun- utawi ka- menawi dipunangge ing basa krama. Ginanipun kangge andhapuk tembung kriya tanggap (verba pasif) utawi kata kerja pasif.
f)       Ater-ater (ka-)
Ater-ater (ka-) ugi sinebat bawa ka utawi tanggap ka, saged andhapuk tembung kriya tanggap utawi kata kerja pasif (verba pasif). Ing basa Indonesiaater-ater ka- = awalan di-, tegesipun kajarak (disengaja).
Tuladha : Kebo kacencang ing wit asem
                Cempe iku kagitik Sariman
                Adhik kautus Bapak tumbas gendhis
g)      Ater- ater (ke-)
Ater-ater (ke-) saged andhapuk (damel) tembung kriya tanggap (verba pasif = kata kerja pasif). Ing basa Indonesia, ater-ater (ke-) = awalan ter- (prefiks ter-), tegesipun boten kajarak utawi boten dipunsengaja.
Tuladha :  Drijiku kecocog eri
                Endhoge kepidak nganti pecah
                Sikilku kesiram wedang
Tembung lingga ingkang purwanipun awujud aksara b, d, dh, lan g; ater-ater ke- dados ge-
Tuladha :
kebuntel
-
gebuntel

kedudut
-
gedudut

Kedhudhah
-
gedhudhah

Kegedhen
-
gegedhen
h)      Ater-ater sa- (se-) utawi sak-
Ater-ater sa- saged andhapuk tembung lingga dados tembung wilangan (numeralia)
Tuladha : sagelas, segelas, sakgelas
                saminggu, seminggu, sakminggu
                saomah, seomah, sakomah
i)        Ater-ater pa-N (Anuswara/Nasal)
Ater-ater pa-N (pam-, pan-, pang-, pany-) saged andhapuk tembung aran (kata benda = nomina). Ing basa Indonesia ater-ater menika meh sami kalihan prefik peng-.
Tuladha :  pa- + enget à paenget à penget
                 pa- + etung à paetung à petung
                 pa- + turon à paturon
                 pa- + idu (-an) à padidu (an) à paidon
                 pamanggih, pandeleng, panyebar, pangayom
j)       Ater-ater pi- (tembung aran)
Tuladha : piawon, pitaken, piwales, piwulang
k)      Ater-ater pra-/pre-(tembung aran)
Tuladha :   pralambang (prelambang), pratandha, pratingkah (pretingkah), prawira (prewira)
                  Kejawi tembung: prakosa, prayogi, prasaja, prawasa
l)        Ater-ater pri- (tembung aran lan winates cacahipun)
Tuladha : priyangga, prikanca, pribumi
m)    Ater-ater tar- (ter-) (tembung kriya + tembung katrangan)
Tuladha :  tarkadhang - terkadhang, tartamtu-tertamtu
tarwaca – terwaca, tarbuka – terbuka
n)      Ater-ater kuma-, kami- lan kapi- (tembung watak/kaanan = adjektiva; boten kathah)
Tuladha   : kumawani, kumalancang/ kumlancang kumayu/ kemayu, kepiadreng, kapidereng, kapilare.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar