Selasa, 22 Oktober 2013

Widya Tembung (Morfologi)



WIDYATEMBUNG (MORFOLOGI)
Widyatembung (morfologi) utawi tata tembung menika kalebet peranganing paramasastra ingkang ngrembag saha nyinau bab tembung, dumadinipun tembung, lan ewahipun satunggaling tembung dados tembung ingkang sanes jalaran kawuwuhan imbuhan. Tembung salebetipun basa Jawi saged kaperang adhedhasar wujud saha jinisipun.
A. Wujudipun Tembung
Tembung tegesipun wanda utawi kempalaning wanda ingkang mawi teges. Tembung basa Jawi menawi katitik saking wujudipun saged kaperang wonten sekawan, inggih menika tembung : (1) lingga, (2) andhahan, (3) rangkep, saha (4) tembung camboran.
1. Tembung Lingga
Tembung ingkang langkung sepuh katandhing tembung lingga inggih menika tembung wod utawi akar kata. Wod tegesipun oyod utawi akar, wujudipun namung sakecap utawi sawanda namung saged dipunpadosi tegesipun. Tuladhanipun :
a. sor à asor, ngisor, dlosor (sedaya saged ngemu teges endhek)
b. lur à alur, ulur, mulur (tegesipun dawa)
c. sup à susup, angslup, nlusup (tegesipun mlebet/ manjing)
Tembung lingga utawi kata asal (kata dasar), inggih menika tembung ingkang tasih wetah, ingkang dereng pikantuk imbuhan menapa-menapa, utawi tembung ingkang tasih wungkul, tasih wantah utawi tasih asli. Tembung lingga saged dipun-golongaken wujud bebas (bentuk bebas). Tembung wonten ingkang dumadi saking sawanda, kalih wanda, utawi tigang wanda (suku kata).
Tuladha :
a) bom
cet
dher
ger
mas
b) apem
bakso
caping
pari
topi
c) mustaka
kulina
kapiran
padharan
rekaos
Wanda salebeting basa Jawi saged kaperang wonten kalih inggih menika wanda menga (suku terbuka) ingkang pungkasanipun wanda awujud vokal, saha wanda sigeg (suku tertutup) ingkang pungkasanipun wanda awujud konsonan.
Tuladha: sate, kebo, turu, luku, piring, bapak, rikat, sabun
2. Tembung Andhahan
a. Tembung andhahan inggih menika tembung ingkang sampun ewah saking asalipun. Tembung andhahan kadadosan saking tembung lingga ingkang pikantuk imbuhan utawi tembung lingga ingkang sampun dipunrimbag. Imbuhanipun (afiks) wonten 4 (sekawan), inggih menika : (a) ater-ater (awalan, prefiks), seselan (sisipan, infiks), panambang (akhiran, sufiks), dan imbuhan sesarengan (konfiks).
1) Ater-ater utawi Imbuhan wonten Ngajeng
Inggih menika imbuhan ingkang mapan wonten sangajengipun tembung lingga. Ater-ater ing basa Jawi menika menawi kaperang wonten 14 (sekawan welas) inggih menika ater-ater : (a) a-, (b) ma-/mer-, (c) ma-(N), (d) anuswara, (e) tripurusa, (f) ka-, (g) ke-, (h) pa-, (i) pi-, (j) pra-, (k) pri-, (l) tar-, (m) sa-, (n) kuma-, kapi-, kami-.
2) Seselan utawi Imbuhan wonten Tengah
Seselan utawi sisipan (infiks) inggih menika imbuhan utawi tambahan ingkang kapapanaken wonten satengahipun tembung. Seselan ing basa Jawi cacahipun wonten 4 (sekawan), inggih menika (-um-, -in-, -er-, saha –el-)
3) Panambang utawi Imbuhan wonten Wingking
Panambang utawi akhiran (sufiks) inggih menika imbuhan ingkang mapan lan dumunung wonten sakwurinipun tembung. Panyeratipun kagandheng kalihan tembung lingganipun. Panambang wonten ing basa Jawi menika cacahipun kathah sanget, kadosta : {-i/-ni, -a, -e, - en, -an, -na, -ana, -ane, -ake}
4) Imbuhan Sesarangan (Konfiks: Ngajeng, Tengah, Wingking)
Imbuhan sesarengan inggih menika imbuhan ingkang awujud ater-ater (prefiks) lan panambang (sufiks) ingkang kawuwuh utawi katambahaken ing tembung lingga kanthi sesarengan. Imbuhan saged kaperang dados 2 (kalih), inggih menika imbuhan (a) sesarengan rumaket, (b) sesarengan renggang.
5) Imbuhan Sesarengan Renggang (Boten Sareng)
Imbuhan sesarengan renggang inggih menika imbuhan ingkang awujud ater-ater lan panambang ingkang kasambungaken tembung lingga boten sesarengan, nanging setunggal mbaka setunggal
3. Tembung Rangkep (Reduplikasi)
a. Tembung Dwilingga
Tembung loro ingkang dirangkep dadi siji.
1) Tembung dwilingga wantah (murni), tuladha : kaya-kaya, kupu-kupu, turu-turu, laron-laron, lsp.
2) Tembung dwilingga salin swara
Tembung loro ingkang dirangkep dadi siji nanging salah siji fonane ana sing dirubah, tuladha : bola-bali, tura-turu, ongap-angop, gothak-gathuk, lsp.
b. Tembung Dwipurwa
Tembung ingkang dirangkep namung awalan (prefiks), tuladha : gegedhug, pepeteng, ceceluk, lsp.
c. Tembung Dwiwasana
Tembung ingkang dirangkep namung akhiran (sufiks), tuladha : celolo, celuluk, celili, lsp.
1) Tembung dwiwasana wantah (murni)
2) Tembung dwiwasana salin swara
d. Tembung Rangkep Mawa Imbuhan
1) Tembung rangkep mawa ater-ater
2) Tembung rangkep mawa seselan
3) Tembung rangkep mawa panambang
4. Tembung Camboran
a. Tembung Camboran Wutuh
b. Tembung Camboran Tugel

Tidak ada komentar:

Posting Komentar