Kamis, 02 Januari 2014

Sabda pengetan dinten pendidikan




TUGAS MEMBUAT MEDHAR SABDA
TEMA SABDA PENGETAN DINTEN PENDIDIKAN


Sebagai Tugas Akhir Semester V Mata Kuliah Retorika Jawa yang Diampu oleh Drs. Imam Sutardjo, M. Hum

Disusun Oleh
Dwi Lestari (C0111012)

JURUSAN SASTRA DAERAH
FAKULTAS SASTRA DAN SENI RUPA
UNIVERSITAS SEBELAS MARET
SURAKARTA
2013



Sabda Pengetan Dinten Pendidikan Nasional

Bismillahirrahmanirrahim
Assalamualaikum warahmatullahi wa barakatuhu
Innalhamda lillahi nahmatuhu wanastainu wanastaghfiruhu, wanaudzubillahi minsyururi anfusina wa minsayyiati a’malina, mayyahdilahu falaa mudzilallah wamayyudlilhu falaa haadiyalah, asholatu wassalamu ‘ala rasulillahi laa nabiyya ba’dahu
Bapak pembantu rektor setunggal, pembantu rektor kalih saha pembantu rektor tiga ingkang satuhu kinurmatan, Bapak-bapak, ibu-ibu dalah sedaya karyawan UNS ingkang tansah bagya mulya sarta mahasiswa UNS sing dakbanggakake lan daktresnani.
Minangka pambukaning lampah, sumangga kita sedaya tansah angunjukaken puja astawa puji astuti wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang sampun paring rahmat, berkah saha hidayah dhumateng kita sedaya katitik kita sami saged rawuh makempal wonten ing palataran rektorat mriki.
 Shalawat saha salam tansah kita aturaken wonten ngarsanipun nabi agung Muhammad Rasulullah SAW ingkang tumurun wonten jagad raya menika minangka rahmatan lil alamin, anjagi ayem tentrem saha berkahipun alam semesta, minangka uswatun hasanah lan dwija luhur kita ingkang patrap lan subasitanipun pantes tinulad kangge sedaya tiyang wonten ing alam dunya lan ing alam akhirat badhe paring syafaat utawi pitulungan rikalanipun yaumul hisab. Ingkang sampun marisaken Alquran saha hadis, menawi kalih tetilaran menika tansah kita ugemi lan dipunamalaken kanthi temen, temen-temen, tumemen, temenanan saha istiqomah saged anjalari gesang kita bahagia fidunya wal akhirah.amin
Para ingkang sami rawuh, bangsa Indonesia saben tanggal 2 Mei tansah mengeti dinten pendidikan nasional. Salebetipun mengeti dinten sejarah menika temtunipun kita kemutan tokoh pendidikan nasional KI Hajar Dewantara ingkang anggadhahi asma alit Suwardi Suryaningrat. Bapak tokoh pendidikan menika anggadhahi sesanti Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa saha tut wuri handayani ingkang tegesipun wonten ing ngajeng paring tuladha, wonten ing tengah paring... lan wonten ing wingking paring daya kekiyatan utawi semangat. Piyambakipun minangka pelopor pendhidhikan putra-putri bangsa Indonesia ingkang sampun ngentasaken saking jaman kabodhoan tumuju jaman kawasisan.
Bapak-bapak saha ibu-ibu dalah mahasiswa UNS ingkang bagya mulya, pendhidhikan kangge bangsa Indonesia nggadhahi artos ingkang wigatos sanget jalaran kemajenganipun satunggaling bangsa boten uwal saking pendhidhikan ingkang sampun dipunpikantuk. Menawi masarakat satunggaling negari nengenaken pendhidhikan pramila negari badhe majeng, nanging kosokwangsulipun menawi nglirwakaken badhe ngalami kamunduran.
Para rawuh ingkang tansah winantu ing pakurmatan, pendhidhikan mujudaken prekawis ingkang wigatos sanget kangge sedaya umat manungsa. Saking wigatosipun pendhidhikan saengga Allah mratelakaken wonten ing Al-quran ingkang ungelipun “... boten sami antawisipun tiyang ingkang gadhahi ngelmu kaliyan tiyang ingkang boten gadhahi ngelmu” sarta wonten ing salebeting hadits ingkang ungelipun “ngudi kawruh wajib menggahipun / tumrapipun saben tiyang muslim jaler saha estri.
Bapak-bapak, ibu-ibu dalah mahasiswa ingkang bagya mulya, mengĂȘti dinten pendidikan nasional menika boten cekap namung mahargyakaken  kanthi ngawontenaken upacara bendera, lelomban kados cerdas cermat, jalan sehat lan sapanunggalipun nanging ingkang langkung wigati inggih menika sumangga kita uwosi pengetan dinten pendidikan menika kanthi sengkut makarya miturut profesi ingkang dipun-gadhahi piyambak-piyambak. Kangge para pelajar lan mahasiswa kedah tumemen anggenipun ngudi kawruh supados julukanipun minangka agent of change “agent perubahan” saestu saged dipunwujudaken wonten salebeting bebrayan ingkang dipunyatakaken kanthi keprigelanipun paring solusi kagem sedaya prekawis bebrayan.
Para rawuh ingkang tansah bagya mulya, sumangga kita tansah manunggal, sami tulung tinulung lan guyub rukun kagem mujudaken masarakat Indonesia ingkang adil, makmur, cerdas, dinamis, gadhah patrap lan subasita ingkang mulya saha boten ketilaran babagan kawruh agaminipun kagem mbangun Indonesia tumuju negari ingkang majeng wonten ing sedaya babagan. Kita kedah pitados menawi kanthi makarya tumemen lan hameminta pitulungan dhumateng Gusti ingkang Mahakuwaos pramila gegayuhan mujudaken masarakat Indonesia ingkang majeng lan unggul saged kasembadan.
Bapak-bapak lan ibu-ibu dosen, sedaya karyawan sarta mahasiswa UNS ingkang kebak ing kabagyan, cekap semanten atur kula, menawi kathah kekirangan saha cecer cewet miwah kuciwanipun kula nyuwun agunging samudra pangaksama.
Dhahar kupat janure wis tuwa, menawi wonten atur kula lepat nyuwun pangaksama.
Wabillahi taufiq wal hidayah, wa ridho wal inayah.
Wassalamualaikum Warahmatullahi wa barokatuh



Tidak ada komentar:

Posting Komentar